Kaca:Winih Semi.pdf/120

Kaca iki wis divalidasi
Katelu, penyair pengin mada utawa ngritik marangkahanan sakiwa tengene. Kanthi cara iki, penggurit SLTP wis ana sing tanggap marang bebayane narkoba lankejeme donya upamane. Bab iki nuduhake kesadharan mirunggan sang penggurit. Pikirane penyair wis wiwitusreg nyawang kahanan. Yen ngene iki digladhi terus,diipuk-ipuk terus, kiraku karyane bakal luwih jumulur lan ngemu rasa jero. Njur ana geguritan Narkoba karya Zaenal Arifin, Narkoba karya Kusniyati, Narkoba karya Sukmawati, Miras karya Pandu Asmara, lan sapanung-galane. Kanthi geguritan ngono iku, penyair bisa misuh sakayange kepriye bebayane obat sing dadi larangane pe-merintah. Iki wis klebu geguritan sing ngemu promosikesehatan.
Kaping pat, penyair nguwatirake marang owah-owahan donya. Iki uga minangka gegambaran menawa geguritan mono dadi srana ngunek-unekake kahanan, klebu ubeng ingering negara. Ing antarane, ana geguritan Citra Pemimpin Reformasi karya Bekti Palupi lan Pemimpin Kang Murka. Geguritan ini mujudake ekspresi evaluatif moral seka penggurit marang kahanan politis sing ngembangi negara iki. Kesadharan politik iki, uga dijereng meneh ing geguritan sing ngemu patriotik. Mung wae, yen geguritan sing ngganda politis, luwih okeh manglung tekan kritik-kritik pedhes. Dene geguritan patriotik, nengenake sepira lelabuhane penyair marang bangsa. Dheweke rumangsa sublim (gumawang) marang kahananing negara sing sarwa subur makmur, nanging okeh dredah iki.
Kalima, penyair luwih kedanan ing cengkok geguritan "candra” utawa deskripsi samubarang sakiwa tengene, mligine apa wae sing wangun dadi bandhingan uripe. Ka- yata, terus mencungul geguritan Irus, Banyu, Udan, Semut, lan sapanunggalane. Geguritan candra kasebut, uga ngembangi ing donyane ekspresi geguritan plesir. Mligine ing tlatah plesiran Parangtritis, sing cedhak karo donyane penyair.

Winih Semi

109