Kaca:Winih Semi.pdf/121

Kaca iki wis divalidasi
Jagad estetika sing diwangun seka penyair SLTP kasebut pancen isih winates. Kepara malah ana sing isih asipat refleks, kaya muncule geguritan sing isih wujud bait-bait mlaha. Bait-bait kothak sing ditata kanthi konvensional, kadhang ora sengaja tembung-tembung ditumpuk, nganti kaya-kaya penyair ana sing kurang sadhar wigatine nata bait.
Panatane bait ana sing sengaja ditata rapi, ana sing nglonjak mlebu, njur metu meneh ngono sapiturute. Nanging modhel ngene iki, kaya-kaya mung otomatis wae, tanpa disadhari dening penyair yen ana tujuan kang mligi. Samono uga repetisi-repetisi sing muncul, umume isih wujud kreativitas konvensional. Arang penggurit sing wis wani njebol seka konvensi sadurunge.
Umume, penggurit uga isih kedayan basa prosa. Dheweke pengin crita moler-moler ngendhukur, durung migunakake basa sing padhet mentes. Iki nggambarake menawa prototipe dongeng utawa kojah isih durung owah gingsir ing pribadine penyair. Mangka, kanggo gawe karya sing tus lan tes-tes tenan, penyair kudu wani nrejang basa prosa mau, yen perlu nyithak basa-basa sing angel gagapane. Ateges, anggere penyair bisa ngripta tetembungan sing maknane lapis-lapis, mesthi karyane luwih prismatis. Luwih nges.
Lamun penggurit isih kecencang swasana "global", tegese seneng mahyakake bab-bab sing kena dideleng nganggo mripat thok, kayata masalah irus, kerdhus, banyu, krambil, lintang lan sapanunggalane -- karyane dadi kurang jero. Kurang mirasa. Mangka, kanggone panyair sing menjila mesthi kudu wani ndeleng swasana "donya-akherat" kanthi batin, kareben ngranggeh bab- bab sing ora kasat mata, bab sing cilik-cilik, bab sing ora pati glethek pethel. Iki kabeh mung bisa dilatih mbaka sethithik.
Wusana, kepriye wae, karya-karya geguritan mau najan isih ana kekurangane tetep ana sing wis menjila.

110

Winih Semi