Kaca:Winih Semi.pdf/122

Kaca iki wis divalidasi
Lan endi sing istimewa, sajake uga relatif. Merga iki dudu lomba, aku ora kepengin nyongolake siji lan sijine. Sing pengin nyilemi, wacanen dhewe kang patitis, mengko rak ngerti pedhes asine.
Kang terang, yen geguritan mau melok banget, kiraku kena dilebokake kategori gegurian sing isih biasa. Najan ngonoa, kuwi kabeh, mujudake dhedheran winih, yen ora diipuk-ipuk, mesthi wae sedhela meneh ya cures. Durung yen winih mau ketrejang ama lan kepanasen pisan, mula gumantung sapa wae sing dadi tukang ngopeni. Mangga.

(Suwardi Endraswara)

Winih Semi

111