Kaca:Winih Semi.pdf/123

Kaca iki wis divalidasi
MAKALAH


KREATIVITAS NGRIPTA GEGURITIAN
Dening: Suwardi Endraswara

A. Tetepungan Karo Puisi Jawa

Wujude puisi Jawa bisa diperang dadi rong werna, yaiku (1) puisi Jawa tradhisional lan (2) puisi Jawa modhern (anyar). Puisi Jawa tradhisional yaiku karya sing migunakake pranatan gumathok (baku).
Puisi Jawa tradhisional uga kaperang dadi rong werna maneh, yaiku (a) puisi tembang yasan, yaiku puisi sing aturane wis pathok bangkrong, sajeging urip ora owah sithik-sithika, yen diowahi dadi lucu utawa aneh, contone: macapat, gerong, umpak-umpak, panembrama, sendhon, sulukan, tembang gedhe, lan tembang tengahan; (b) puisi tembang para, yaiku puisi sing aturane setengah baku, tegese saben pada (bait) lan larike (barise) ora ajeg, bisa owah gingsir gumantung kahanan, contone parikan, wangsalan, tembang dolanan, campursari.
Puisi Jawa modhern (garag anyar, mutakhir), kosokbaline puisi tradhisional. Tegese, ora nganggo aturan baku, utawa bebas satus persen. Mula, yen nulis puisi Jawa modhern ora kacencang apa-apa, angger sok glogok tembunge, cur rasane, tleser pikirane, lan manther karepe: dadi. Puisi jinis ngene iki asring disebut geguritan utawa guritan. Gurit tegese tulisan utawa karangan kang estetis. Gurit klebu puisi Jawa bebas (merdika) sakabehe, wiwit seka pamilihe tembung, larik, pada, cakrik (tipografi), sakarepe dhewe waton cocog karo neting ati.
Saking bebase, nulis geguritan kadhang kecampuran unsur puisi Jawa tradhisional lan malah keworan basa

Winih Semi

113