Kaca:Winih Semi.pdf/124

Kaca iki wis divalidasi
Inggris barang, ora masalah. Kena-kena wae. Soale, kabeh mau mung dimen luwih estetis lan artistik. Mula, seka wawasan satlemik iki kudune wis gamblang ta menawa gawe geguritan sejatine luwih gampang lan kepenak. Luwih dhemokratis lan egaliter. Cekak cukupe, angger bisa "crita" utawa "ndongeng", mesthi bisa gawe geguritan.


B. Dhedhasare Gawe Geguritan

Ing kalodhangan bengkel sastra Jawa iki sampeyan kabeh arep dakjak gladhen nulis geguritan. Ora perlu wedi, soale iki lagi ajar; kleru utawa luput bisa wae. Tur meneh, nulis geguritan ora ngrembug bab bener salah, ning pas lan orane. Maah mbokmenawa, sampeyan wis tau nulis puisi kanggo madhing (majalah dinding) utawa ana tugas seka guru, mengko bisa dikembangake meneh. Nulis geguritan, ora beda karo nulis puisi Indonesia.
Sampeyan bisa dadi Chairil Anwar, Amir Hamzah, Mung kuwi. Mung wae, ora kudu nggladhang kaya Chairil. Modhal nulis geguritan cukup 2W(waras awake lan waras pikirane). Nulis geguritan mung kayadene yen sampeyan bal-balan utawa "plesir". Bisa uga mung kaya yen sampeyan lagi ngobrol, njur ditulis. Tur meneh apa wae bisa ditulis kanthi bebas. Weruh utawa ngrungokake apa wae bisa ditulis. Gampang ta?
Yen durung pati tepung karo geguritan, coba semaken geguritan sing neng majalah kuwi. Golekana rubrik geguritan, njur tamatna sedhela. Mbokmenawa sampeyan bakal luwih cetha yen ana sing maca salah siji. Ayo! Ya ngono kuwi geguritan, yen gawe bisa tiru-tiru, ning ora kok nyontek. Niru tegese mung ngilo, ngliling, lan nurun cakrik-cakrike. Mbokmenawa, sing rada kewuhan olehe golek tembung ta? Yen ngono, nganggo basamu padinan wae oleh. Ora kudu ndakik dhisik, basa prasaja bisa dienggo, waton kepenak dirasakake.

114

Winih Semi