Kaca:Winih Semi.pdf/125

Kaca iki wis divalidasi

C. Mburu Kreativitas

Yen wis tepung karo geguritan, wis nyoba nulis lan maca, ayo saiki gawe geguritan sing nges. Sing apik. Ora mung sak-sake, mundhak ngisin-isini. Tegese, sampeyan kudu kreatif lan prodhuktif. Yen mung waton nulis, nyusun tembung, ditumpuk-tumpuk dadi bait, saben wong bisa. Ning, sampeyan arep dakjak gladhen gawe geguritan sing mentes. Geguritan sing ora mung boros tembung. Mula, yen mau wis gladhen sethithik, tembunge isih kemurahen, saiki wiwit ora ngono meneh. Saiki saben tembung kudu dieman, kudu diungkret, digelar, dijereng, digunting, lan dilem amrih dadi mathis tur kepenak dirasakake.
Tuladha sing gampang, yen sampeyan kreatif, upa- mane tau krungu ta puisi: dhondong apa salak, ayo terusna. Tau krungu ta Ilir-ilir tandure wus sumilir, Jamuran, sluku-sluku bathok, adhik ndherek ibu tindak menyang pasar kupat kecemplung santen? Apa teruse? Tau krungu bapak pocung, terusna! Nah, saiki sampeyan wiwit nganggo rasa anggone nulis. Lire, rasaknajajal dhondhong mau, enak apa ora, wujude kepriye, bedane karo salak nggon endine, lan sapiturute.
Cetha ta, endahe puisi kuwi yen sugih makna. Sugih daging otot, ora mung balung thok, yen kayadene iwak. Tur makna mau aja digawe melok, katon banget, kudu ditutupi, disamun. Yen perlu, persis sampeyan nganggo klambi utawa kathok, kudu lapis-lapis, rangkepan ta? Ben anget. Gawe geguritan ya ngono kuwi. Yen sampean bisa ngecakake ngono mau, tegese bakal lair geguritan "mbrenjul" (mendhukul, unggul, peng-pengan), ora mung lair geguritan "unthul" utawa “dhengkul".
Mula, nuwun sewu rada ngilmiyah sethithik, sampeyan perlu nggegem sipat kreatif. Tandhane wong kreatif nulis geguritan, yaiku: (1) suksesif tegese, ana jiwa utawa greget estafet (terus-terusan), ora mandheg anggone pengin nulis, terus latihan, nganti bisa, tur ora mendat

Winih Semi

115