Kaca:Winih Semi.pdf/126

Kaca iki wis divalidasi
yen mambu kritik utawa srengen seka pembaca; (2) diskontinyu ora butuh aturan, kepara malah nrejang, gawe wirama urip dhewe, nyebal seka sing baku, reformis, mala aja gumun yen ana sing ngarani wong gendheng utawa gemblung, dheweke pancen seneng ngogreh-ogreh sing mapan, gawe gebragan anyar, eksperimen; (3) emergence tegese, kerep muncul, prodhuktif, seneng latihan, ora we- gah-wegahan. Ora wedi ngadhepi tantangan, paling ora sedina siji kudu ngasilake geguritan, duwe diary geguritan (cathetan judhul utawa idhe); (4) diferensiasi pengin tampil beda karo liyane, gawe cakrik geguritan mung sak larik, utawa malah dawa banget, mung kothak-kothak, isi pisuhan, lan sapiturute; (5) integrasi tegese, nyawiji karo budaya sakiwa tengene, karyane ngoyot, ngyiyit kaya klika, karyane teles, bisa atos-empuk, tur tetep ngganda literer.


D. Cakrik Geguritan

(1) naratif, yaiku geguritan sing wujud crita, penyair nyritakake kanthi prasaja, ning tetep encer. Klebu geguritan naratif: (a) epik, yaiku njlentrehake sawijining bab sing dadi pepujaning masarakat, kayata crita wayang, (b) balada: geguritan sing mahyakake lelakone tokoh utawa wong, ngemu surasa sedhih, (c) romansa, geguritan sing ngemot sesambungan katresnan romantis antarane lanang lan wadon.
(2) lirik, geguritan sing mahyakake gagasan pribadi. Penyair nyuntnak isen-isening ati kanthi impresif, tandhes. Wujude lirik, kayata: (a) elegi, geguritan sing isine bab kasusahan, (b) ode, geguritan sing ngalem marang tokoh, papan, lan kahanan. (c) mantra (prothalmion), biasane ngemot semedi utawa medhitasi lan sipate mistik.
(3) deskriptif, yaiku geguritan sing nggambarake sawijining kedadeyan utawa kahanan. Klebu geguritan iki, yaiku: (a) satirik, yaiku geguritan sing isi panyancad utawa panyendhu marang sawijining bab, (b) kritik sosial,ngemot kritik kemasyarakatan, politik, budaya, (c)

116

Winih Semi