Kaca:Winih Semi.pdf/139

Kaca iki wis divalidasi

BIODATA PESERTA

BENGKEL SASTRA JAWA 2002

Ana Suryaningsih kelairan tahun 1989, peneripun rikala tanggal 10 Maret ing Bantul. Siswi kelas II SLTP 1 Kasihan menika ngrasuk agami Islam. Ningsih ingkang hobi maos sawernaning buku menika ugi mboten ngiwakaken maos majalah-majalah Jawi senaosa namung kadhangkala amargi mboten lengganan Jayabaya utawi Panyebar Semangat. Ningsih ingkang dedalem wonten Senowo, Argorerejo, Sedayu, Bantul numpak angkutan umum tumuju Jalan Wates 62, Ngestiharjo, Bantul, papan pasinaonipun. Ningsih manggih pengalaman enggal rikala tumut Bengkel Sastra Jawa, kejawi menika tambah kathah ugi tepanganipun.


Putra kelairan Klaten tanggal 10 Januari 1988 menika gadhah nama Andi Pri Hantoro. Andi salah satunggaling murid SLTP Muhammadiyah 1 Pundong ingkang aktip tumut kegiyatan mesjid. Saben enjing murid kelas III menika sesarengan kaliyan kanca-kancanipun bidhal saking Biro, Seloharjo, Pundong, Bantul tumuju sekolahipun ing Blali, Seloharjo, Pundong, Bantul. Pendhak dinten Minggu Andi sre- gep voli utawi bal-balan kaliyan kanca-kanca sabarakanipun.

Dene rikala dipun dhawuhi guru pembimbing supados tumut bengkel sastra Jawa, Andi semrinthil lan purun nilar sekedhap hobinipun olahraga ingkang sampun nggathok wau. Piyambakipun rumaos marem sasampunipun kagladhi bab puisi Jawa ingkang dereng nate kawulang ing sekolahan. Keremenanipun maos buku-buku kanyata saged damel lancar anggenipun nyobi gurit.

Winih Semi

131