Kaca:Winih Semi.pdf/14

Kaca iki wis divalidasi

ANDI PRI HANTORO
SLTP Muh. 1 Pundong


NELANGSA

Ngrasakake urip ing alam donya
ati iki kaya diiris-iris
Bapa biyung wis tilar donya
Awan bengi tansah kelingan
Nalika Bapa dedongengan
Sedina rasane setaun
Donya iki wis kiamat rasane

O, Gusti Rajaning Raja
Mugi kepareng amelasana
Aparing tentreming nyawa
Kawula nyuwun kekuwatan
sarta pangayoming swiwi Paduka

Winih Semi

3