Kaca:Winih Semi.pdf/140

Kaca iki wis divalidasi


Ari Setyaningsih kelairan Bantul tanggal 21 Maret 1989, ngrasuk agami Islam. Kangge Ari tembung geguritan mboten narik kawigatosanipun babar blas. Namung sareng kadhawuhan makili sekolah supados tumut Bengkel Sastra Jawa, Ari kepeksa nyagahi (ajrih guru pembimbing mesthinipun). Siswi SLTP 2 Pajangan kelas II A menika dangu-dangu tuwuh gregetipun nyinau geguritan sareng tumut bengkel sastra Jawa. Senaosa damel gurit menika angel sanget tumrap Ari, namung piyambakipun mboten purun kalah kaliyan peserta sanes. Usahanipun pendhak dinten Minggu saking griya Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul dumugi SLTP 1 Sewon mboten muspra. Ing pungkasan kegiyatan Bengkel, Ari kasil damel geguritan. Salajengipun Ari badhe nyritakaken pengalamanipun nggladhi geguritan dhumateng kanca kelasipun ing Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul.


Bayu Handoko kelairan Bantul tanggal 28 April 1988 menika nggadhahi cita-cita dados ustad. Bayu kalebet murid ing SLTP Muhammadiyah 1 Pundong. Bayu remen

rengeng-rengeng lagu dhangdhut lan kasidah sadanguning mlampah saking griyanipun Blali, Seloharjo, Pundong, Bantul tumuju papan pasinaonipun ing Blali, Seloharjo, Pundong, Bantul, senaosa pendhak sonten remen olahraga bal-balan, nanging salat lan ngaji mboten nate katalompen. Hobinipun maca buku saged minangka modhal anggenipun nyobi damel geguritan salaminipun tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Bayu rumaos mongkog saged neter kesagedanipun maos geguritan.

132