Kaca:Winih Semi.pdf/141

Kaca iki wis divalidasi


Beti Mustika Rini kelairan Bantul tanggal 25 April 1988. Putri ingkang sregep salat menika sekolah ing SLTP 4 Pandak. Saking dalemipun Bongeran, Gilangharjo, Pandak tumuju papan pasinaonipun Ngaran, Gilangharjo, Pandak, Bantul, Beti dipunteraken tiyang sepuhipun. Beti ingkang dereng mangertos bab puisi Jawa, remen sanget tumut Bengkel Sastra Jawa. Kejawi saya tambah tepangan, Beti rumaos manggih pengalaman enggal damel geguritan lan ajar maos gurit. Murid kelas III A menika saged nyegahaken keahlianipun nari rikala penutupan bengkel.


Bekti Palupi kelairan Bantul, tanggal 27 Mei 1989. Siswi kelas II B SLTP 2 Kretek menika remen sanget tumut Bengkel Sastra Jawa. Saben Minggu Bekti Palupi sregep ndhatengi kegiyatan nggegulang geguritan. Usahanipun wau kasil, piyambakipun kalebet peserta Bengkel ingkang nyipta guritan sae, kepara dados juara. Putri salehah ingkang sregep ngaji menika

dedalem ing Kretek, Parangtritis, Kretek, Bantul. Saking dalem dumugi sekolah ing Parangtritis, Kretek, Bantul, Mbak Bekti dipunteraken tiyang sepuhipun. Putri lencir ingkang nggadhahi hobi maos sawernaning buku menika sampun kasil nganthongi prestasi sagudhang, kadosta (1) Juara II Lomba Bidang Studi Matematika, Tingkat SD se-Kabupaten Bantul, (2) Juara III Lomba Siswa Teladan Tingkat SD se-Kabupaten Bantul, ugi (3) Juara I Lomba Tartil Alquran Tingkat SD/SLTP se-Kecamatan Kretek, Bantul. Pengalaman enggal ngremenaken ugi karaosaken Bekti Palupi, nalika kagladhi bab maos geguritan dening pembimbing Bengkel Sastra Jawa.

Winih Semi

133