Kaca:Winih Semi.pdf/17

Kaca iki wis divalidasi

KASMARAN


Oh nimas ...
aku iki sajak lagi nandhang kasmaran
awan bengi aku tansah kelingan sliramu
sliramu tansah dadi impenku
sliramu tansah dadi kangening atiku
apa iki kasmaran?

oh nimas ...
upama sliramu sekar
aku bakal dadi kumbang
upama sliramu Dewi Shinta
aku kang bakal dadi Prabu Rama

oh nimas ...
rupamu ayu pindha widadari tumurun bumi
kang gawe ati iki kapang
yen ora pethuk sedina,
rasane pengin, pengin, lan pengin ketemu
ora ana wanita sing taktresnani
kajaba kowe, nimas ...

6

Winih Semi