Kaca:Winih Semi.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi

PITIK

uripmu padha unpku
aku mbutuhake pangan, kowe uga
kowe ditetesake
aku dilairake

pitik, oh pitik
akeh kaluwihanmu tinimbang aku
sakwise netes banjur isa mlaku
senajanta melek durung sampuma

pitik ...
mundhak gedhe kowe golek pangan dhewe
kanggo kabutuhanmu
aku sing nyata luwih tuwa
durung isa golek pangan dhewe

pitik
ngapa umurmu sethithik?

10

Winih Semi