Kaca:Winih Semi.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi

BAYU HANDOKO
SLTP Muh 1 Pundong


KONANG

Sepining wengi iki nambah asreping swasana
Bungahe angkup swarane pating slengkup
Gathuke wulu walang neng wit-witan
Ngeriking wulu gangsir kaya di iwir-iwir

Sedhihing atiku
Ora kaya bungahing konang
Nandhakake yen sliramu ora tau nandhang
sungkawa

Padhanging atimu sumebar mung kanggo awakmu
dhewe
Mabur mrana mabur mrene
Ora ana sing ngaruhake.

12

Winih Semi