Kaca:Winih Semi.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi

PEDHESE LOMBOK

pirang-pirang dina
wus dakliwati
sedina kaya setaun
dakrasake ati iki tambah pedhes
nandhang kahanan kang ngenes

rasane ati hiwih pedhes
tinimbang lombok
pedhese lombok mung sedhela
nanging pedhese ati
suwe banget
ora bisa ilang tanpa tamba

yen ati iki bisa omong
bakal dakturuti apa panjaluke
nanging apa kang bisa taklakoni
kejaba nyuwun marang Gusti Kang Kuwasa

Winih Semi

17