Kaca:Winih Semi.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi

PARI

yen daksawang ...
kowe mung sawijining wit cilik
nanging yen dipikir kanthi nalar
kowe mujudake sawijining ngelmu
kanggo manungsa

kabotan isi kowe tansah ndhungkluk
pratandha rasa andhap asor
nanging yen manungsa
mung tansah ...
nggedhekake lan ngatonake kapinterane

yen kowe padha karo manungsa
kowe bakal dadi tuladha
tuladha becik tumrap manungsa

18

Winih Semi