Kaca:Winih Semi.pdf/30

Kaca iki wis divalidasi

BEKTI PALUPI SLIP 2 Kretek


SIMBAH KAKUNG

Simbah kakung ...
Dina bakda ing surya Sawal
Aku isih sak pejagong
Ngendikane renyah ora ana tembung kang
nyalawadi
Guyon karo anak putune
Ana ing dalem kang sarwa prasaja

Simbah kakung ...
Surya Dulkaidah durung prapta
Atiku kaya sinendal mayang
Ana manuk dhandhang nyuwara ngrangin
Paweh warta kang nrenyuhake
Simbah wis sowan ana ngayunaning Pangeran

Winih Semi

19