Kaca:Winih Semi.pdf/31

Kaca iki wis divalidasi

PARANGKUSUMA ING WAYAH BENGI

pinuju bengi wulan purnama
Sunaring rembulan ndadari jagad raya
bumi padhang kaya rina
tuwa mudha tirakat
manekung kang akarya jagad

Parangkusuma ...
seje papan katon sesawangan
wadon tanpa wilangan
gegojegan guyon sing sunaring rembulan
angin sumbribit hawa atis dadi sirna
gegawa bungah lan gembira

Parangkusuma ...
miturut para sepuh
limalas taun kepungkur
wulan purnama malem anggara kasih
katon edhum lan tintrim
saiki katon beda

20

Winih Semi