Kaca:Winih Semi.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

CITRA PEMIMPIN REFORMASI

trenyuh, prihatin, mangkel, anyel dadi siji
ngrasakake patrap lan trekahe
kudune ngayomi
sakmesthine ngayemi
kagadhang darbe rasa welas asih
mikirake lan ngiguhake kawula dasih

nanging ...
mung padha mikirake awake dhewe
padha rebutan kalungguhan
ngidak lan menyak kawulane
nggedhekake srakahe

Winih Semi

21