Kaca:Winih Semi.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi

PANAMBANG PASIR

panambang pasir ...
swara adzan subuh durung keprungu
kowe ngucek mripat mlayu brabat
nututi swaraning trek kang nyemplung bengawan
bot-boting ngupaya sandhang boga
ngeruk inten ireng warihing bengawan

panambang pasir ...
nadyan pait getir dadi bogamu
tetep ora lali Hyang Widhi
manekung ngibadah sholat Subuh ing tengahing
bengawan
minangka bukti kasudibyanmu
klebu jaima pilih tandhing ngadhepi pacoban

Winih Semi

23