Kaca:Winih Semi.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

PAK DHE

nalika jaman semana
golek pangan rekasa
kowe nedya mbantu wong tuwa
golek iwak neng kali

Pak Dhe
suwening suwe
wektu saya mrambat
kowe nedya adus neng kali

nanging ...
kabeh wis dipesthekake Pangeran
kowe klelem neng kali jero ... jero ... lan jero
kabeh wong arep nulungi
ning wis kebacut keri
kowe sowan neng pangayunaning Widhi

24

Winih Semi