Kaca:Winih Semi.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi

DANANG K.
SLTP 3 Imogiri


KANGENKU

Yen aku mbukak mripat iki
pengin aku weruh kowe
neng sepining dina, dina, dina, lan dina
kangenku sapa kang bisa marekake

   kangenku mabur dhuwur, dhuwur, tanpa ukur
   kangen .... ?
   Aku, ora bisa ngerti
   nanging kowe uwis lunga adoh
   adoh-adoh tanpa jarak

ning beda donya
aku uga mung bisa
ngirim donga pambagya
donga kang adoh saka sampurna
Muga-muga kowe kekal neng swarga, Amin ....

Winih Semi