Kaca:Winih Semi.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi

KANGGO NEGRIKU

Janjiku kanggo negriku
Janji kang ngabdi jiwa lan raga
Dwi warna tetepa ngibar neng dhadhaku
kanggo semangat juang pemudamu

   Ing jaman kang wis merdika iki
   ayo kanca bebarengan, ngisi pembangunan
   Indonesia
   tanah airku, aku ngabdi marang sliramu

Kanthi maton bebarengan ayo
sinau ing pawiyatan
kanggo masa dhepan kang gemilang

   Sembribit angin kamardikan
   pratandha tumuju nagara santosa

26

Winih Semi