Kaca:Winih Semi.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi

TANGI SAKA TURU

umurku tik... tok ... tik ... tok
sedina, seminggu, ... wis setaun
rungokna montor mabur kae
apa ya ora pengin tangi

   metu, lan delengen sawah kae
   delengen apa isih ana sing jembar
   delengen lan rungokna apa lurung kae isih sepi

tangi, lan delengen kiwa tengenmu
tangi, donya uwis maju
gaweanmu ora mung turu
turu, mangan, turu, terus mangan
tik ... tok ... tik ... tok

   nyekseni jaman uwis maju
   tik ... tok... tik ... tok

Winih Semi

27