Kaca:Winih Semi.pdf/4

Kaca iki wis divalidasi
CECALA

Minangka kangge ngrembakakaken sastra Jawa, Balai Bahasa Yogyakarta ing taun 2002 ngawontenaken satunggaling kegiyatan ingkang kawastanan Bengkel Sastra Jawa 2002. Kegiyatan menika kawontenaken kaping sekawan, pendhak dinten Minggu ing wulan Juli 2002. Sedaya peserta saking Sekolah Lanjutan Tingkat Pertama sa-Kabupaten Bantul.

Kanthi wekdal ingkang sanget cumpen menika, kegiyatan Bengkel Sastra Jawa mligi nggegulang geguritan utawi puisi Jawa. Peserta kegiyatan dipunbimbing supados saged mahami, maos, lan latihan nyerat geguritan. Ing pungkasaning kegiyatan peserta kasil nyerat lan nglempakaken geguritan ingkang lajeng kaimpun dados satunggaling antologi asesirah Winih Semi.

Gegadhangan kita, kejawi minangka bukti kasiling peserta anggenipun nganggit geguritan, mugi-mugi buku antologi menika wonten paedahipun saengga saget nyengkuyung tuwuh lan ngrembakanipun sastra Jawa ing pamulangan-pamulangan.

Yogyakarta, Juli 2002
Kepala Balai Bahasa Yogyakarta


Drs. Suwadji