Kaca:Winih Semi.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi

LEMUT

kowe mabur ngalor, ngidul
kaya wong bingung
kowe mabur tanpa tujuan
waton mencoki awake manungsa
kowe nyokot manungsa
sing ora duwe dosa
malah kowe gawe lelara
lemut
kawit biyen kowe pancen
nakal ... nakal.., nakal banget
ora owah-owah
lemut
saiki jaman modheren
negara nggawe
obat ngilangake lemut
lemut saiki uripmu sengsara
kaya dene biyen manungsa
kok gawe sengsara

Winih Semi

29