Kaca:Winih Semi.pdf/41

Kaca iki wis divalidasi

DWI ASTUTI
SLTP 2 Kretek

KEBLUK

wong kang kebluk
urip ing donya ora duwe kanca
saben dina mabuk-mabukan
akhlak gelis rusak
budine kaya kewan
ora duwe tatanan
kaya kebluk yen dinggo pendhak dina
cepet rusak dibuwang ora kalap

wong kang cepet rusak awake
ngangkat beras satus kilo
njunjung brambang karo tengah kwintal
apa ya ora sayah?
nanging kepiye maneh yen ora ngangkat
wong ora bisa urip
kaya wong adang tanpa kebluk
ora bakal mateng berase

30

Winih Semi