Kaca:Winih Semi.pdf/42

Kaca iki wis divalidasi

KENDHIL

urip kaya kendhil akeh senenge
awak singset kaya kendhil
awak alus kaya kendhil
kelap-kelip emas ing awak
lir kendhil kan katon menceling
urip lir kendhil cepet Jemune
Jlambe amba mangap ... mangap ... Mangap terus
apa-apa nyemplung
awak gelis lemu,
nanging ....
ya nyuda cuweran ing awak
kang metu saka lambe
oweh kang terus-terusan
eces kang ora leren
ora mandheg nganti asat

Winih Semi

31