Kaca:Winih Semi.pdf/44

Kaca iki wis divalidasi

PENITI

peniti ...-
mung dlusap-dlusup
golek nggon empuk

peniti hias
yen dianggo wanita
ditambah esem manis

adhuh ....
para pria langsung mendem
katambah dombiong
bingung mlompong
kepriye le arep omong?
aku tresna marang sliramu, cah ayu

peniti ....
yen nyoblos driji
langsung muni tulung-tulung
adhuh, iki Iho bryung
biyung bingung tetulung

Winih Semi

33