Kaca:Winih Semi.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi

GABAH

gabah ....
gabah seglintir
katandur dadi secangkir
kanggo ngisi weteng klingsir
ora jeleh nganti kuping dawir

gabah ....
isa urip yen banyu agung
bisa urip yen dirabuk
isa-isa urip marga Kang Maha Agung

gabah ....
eman, yen kabuwang
kasebar ing plataran
dithotholi kewan umbaran

34

Winih Semi