Kaca:Winih Semi.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi

SLAMET DONYA AKHERAT

urip gembira ing kulawarga
urip rukun karo tangga
urip jujur neng negara
urip apik ana ing donya

urip ja pecicilan
numpak montor ja ugal-ugalan
nggawa layang montor manut aturan
rabakal kacegat polisi keamanan

urip ja kena godha
godha setan kang gentayangan
godha wong kang kurang ajaran
godha barang kang maksiyatan

ngaji saben sore, sholat saben dina
dermawan marang sapada-pada
tetulung marang kanca
donga marang Kang Maha Kuwasa

Winih Semi

35