Kaca:Winih Semi.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi
ATUR SAPALA

Salah satunggaling ikhtiyar kangge masyarakataken karya sastra Jawa lan ningkataken apresiasi sastra ing lingkungan generasi mudha, mliginipun siswa SLTP, Balai Bahasa Yogyakarta wiwit tahun 1998 ngawontenaken kegiyatan Bengkel Sastra Jawa.

Materi ingkang kapilih kangge ngisi kegiyatan Bengkel Sastra Jawa tahun 2002 menika awujud geguritan. Pramila peserta kaajak nggegulang geguritan supados mangertosi kados pundi cara-caranipun utawi teknik apresiasi (maos, mahami, lan nliti) lan ekspresi (nyipta, manggungaken). Salaminipun tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa, peserta dipunbimbing dening tutor ingkang gamben nggegulang babagan Apresiasilan ekspresi (Drs. Suwardi Endraswara, M.Hum., Dewi Astuti Nurlaila, lan Dhian Radwiyanto). Kagadhang peserta Bengkel Sastra Jawa 2002 nggadhahi kawigatosan dhumateng sastra Jawa, ingkang saged kabukten lumantar tuwuhipun puluhan geguritan anggitan peserta bengkel salaminipun tumut kegiyatan ingkang kakempalaken wonten ing antologi menika.

Perlu kawuningana bilih geguritan ingkang kamot ing antologi menika wonten ingkang dipun “wangun” utawi kasunting senaosa namung sekedhik, kanthi pengangkah supados langkung ngresepaken. Dene peserta ingkang nggadhahi bakat sae anggenipun nyipta geguritan, antawisipun Bekti Palupi (SLTP 2