Kaca:Winih Semi.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi

FOTO

foto ing tembok ngarep kae
ora beda karo aku
anteng, meneng, mingkem, ora isa ngapa-apa
kejaba mung ndeleng
sing ana ing ngarepe
aku uga ngono
ati iki nangis

ora ana kang gelem karo aku
ora ana kang gelem dadi kancaku
aku ana padha karo ora ana
senajan aku ora ana
ora ana uga Kang kelangan

40

Winih Semi