Kaca:Winih Semi.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi

FEBRIANA CANDRA DEWI
SLTP 1 Kretek


IRUS

irus
rupamu nengsemake
rupamu cemani kaya R. Gathutkaca
awakmu medhet cekelane
alus resik tur mencutake

  irus yen dolan akeh kancane
  warna-warna mitrane
  yen mlumah dicedhaki kancane
  yen dibukak jebul jangan isine

irus
apa iku sejatine?
saben wong kepengin ndarbeni?
amarga akeh pigunane

  pira regane irus
  nganti ora ndarbeni
  ndadak ngreka lan masang-masangi
  irus barang kang aji

ana irus kayu, digawe nganti lunyu
kang nggunakake ngguya-ngguyu
jalaran kang nduweni ibu
irus ...!

Winih Semi

43