Kaca:Winih Semi.pdf/70

Kaca iki wis divalidasi

LILIN

Lilin
wengi iku
nalika listrik mati
aku nggunakake kowe
kanggo madhangi anggonku sinau

Lilin
pangurbananmu akeh banget
kowe ikhlas menawa awakmu diobong
supaya bisa kanggo pepadhang

Lilin
Menawa kowe bisa omong
apa kang arep kok omongake

Lilin
apa aku bisa kaya kowe?

Winih Semi

59