Kaca:Winih Semi.pdf/71

Kaca iki wis divalidasi

SAPU SADA

sapu sada
saka bonggol blarak
kang duwe sipat beda
nanging padha rukun
bisa kanggo reresik latar

sapu sada
kena apa manungsa
ing donya iki
ora bisa kaya kowe
manungsa padha ora rukun
gawehane mung padudon

sapu sada
apa manungsa
ora isin marang kowe?

60

Winih Semi