Kaca:Winih Semi.pdf/72

Kaca iki wis divalidasi

GENDHENG

Panggonanmu ing ndhuwur
Nanging kowe ora gumedhe
Kowe padha kumpul dadi siji
Ngleksanakake kang dadi tugasmu
Dadi pengayome sakisi omah

Yen awan
Kowe kepanasan
Yen bengi
Kowe kadhemen
Yen udan
Kowe kudanan

Tugasmu pancen rekasa banget
Nanging kowe ora tau sambat

Winih Semi