Kaca:Winih Semi.pdf/77

Kaca iki wis divalidasi

BASAKU

basaku, sira dadi kancaku
kancaku, leluhurku, kancane bangsaku
aku susah, sira dadi palipurku
aku bungah, sira guyuku
aku turu, sira kang nunggu
aku ngimpi, sira kang ngancani
basaku, basaku, basa Jawa
sira kang lara-lara, siningkang-singkang
lelabuhanmu, sirna ilang
aja sumelang, aja semelang aku kang tumandang
aku setya, tetep dadi pamong mitra
ayo kanca, ayo kanca
acancut tali wanda
ngleluri, memetri kanca sutresna basa Jawa
basamu, basamu, basane bangsamu
basane leluhurmu

66

Winih Semi