Kaca:Winih Semi.pdf/78

Kaca iki wis divalidasi

DEDONGA KANGGO ANAKKU

yen kowe nyawang langit
mbulane wis dadi pucet kaya mayit
birune langit sansaya klawu
anakku aja dadi bocah umuk
kuwat-kuwatna kaya woh
atos-atosa kaya watu
alas-alas kae bakal dadi plastik
kali-kali bakal mili racun
awang-awang kabong kaya bolong
kuwat-kuwatna anakku
ombak-ombak kang anggawa mala
bisa ngapyuk sapa wae
mula sing puguh atimu
mengko akeh wong kang kelangan atine

Winih Semi

67