Kaca:Winih Semi.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi

MIRAS

kurang ajar
kowe pancen kurang ajar
dosamu ora bisa diampuni
wiwit biyen nganti saiki
wiwit jaman Jepang nganti jaman Reformasi
kowe tetep dadi mungsuh nagara iki

wis ...
wis cukup anggonmu nyilakakake manungsa
amarga kowe manungsa saya sawiyah-wiyah
marga kowe manungsa lali marang sing Kuwasa
lali marang sing nyiptakake langit lan bumi iki
miras kowe pancen...asu

70

Winih Semi