Kaca:Winih Semi.pdf/85

Kaca iki wis divalidasi

LINTANG

panggonmu ing langit
kelap kelip
nyenengke ati
cemlorot saka kadohan
disawang kaya adohe

lintang ...
uripmu ora beda kaya manungsa
nanging saiki donya wis rusak
akeh manungsa lali karo sing Kuwasa

lintang...
kowe gawe endahing langit
kowe gawe senenge ati
kowe pancen swargane manungsa

74

Winih Semi