Kaca:Winih Semi.pdf/98

Kaca iki wis divalidasi

MULIH SEKOLAH


Mulih sekolah, awakku lungkrah
mlebu ngomah e .....
Lha kok pating blangkrah
Ana apa iki?
Pitakonku ing manah

Dhag dhig... dhug..
Swara getering jantungku
Pak!
Bu!
Mbak!
Celukku
Ora ana sautan

Aku tambah dheg-dhegan
Gek, padha neng ngendi ta?

e... lha ujug-ujug
ana swara ...
Cekikak
cekikik ...
Gek, sapa kuwi
Ngerti-ngerti

Selamat ulang tahun!
Mak jenggirat, atiku entek
Bapak, ibu, mbak ayu
Kabeh padha sumeh
Aku uga

Aku isih bingung
Aku mung bisa mlongo
Tak eling-eling
tanggal pira ta iki
e ... alah!
Lha rakya saiki ulang tahunku!

Winih Semi

87