Kaca iki wis divalidasi
- Bulik, Dhik Bawa punapa sampun bidhal?
- Mas, Mbak. Ratih punapa sampun mantun?
E. Wacanen banjur turunen!
- Rus, adhimu goncengna!
- Sri, lampune sumeden!
- Mbang, pitike pakanana!
- Jan, adhimu paranana!
- Mur, krambile paruten!
- Ning, potelot iki ongotana!
- Nung, pitike cekelen!
- Ris, kolahe kurasen!
- Ton, adhimu tarinen!
- Sum, entenana!
IV. Tembangna bebarengan!
Bocah-bocah Dolan
- Bocah-bocah dolan dha mrenea!
- Padhang-padhang mbulan kaya rina.
- Latare jembar njingglang padhange.
- Kareben bingar akeh rewange.
- Ayo padha keplok plok: Surak hore!
- Ayo padha keplok plok: Surak hore!
91