Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 2
I. A. Pacelathon
Tindakna!
Simbah Rawuh
Praba | : | Dhik Aji, Simbah kae Iho! |
Aji | : | O iya! Simbah rawuh, Simbah rawuh! |
Itak | : | Cimbah lawuh, Cimbah Tawuh, aku ceneng! |
Simbah | : | Iya iya, kene kene, iki ditampani! |
Praba | : | Inggih, Mbah! Kula tasipun! |
Aji | : | Kula pisangipun, Mbah! |
Itak | : | Kula lambutan, Mbah! Paleng, Mbah? |
Ibu | : | Lho, Iho, iki piye ta! Kok oleh-olehe sing ketok! Cah-cah ki, wis ta nakale! Mangga mangga, Bu! |
Simbah | : | Lumrah ta, wong bocah cilik! |
Itak | : | Itak ola nakal kok, Bu! Itak pintel! |
Simbah | : | Iya iya, Itak pinter! Kabeh pinter, kabeh bagus! |
9