Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 6
I. A. Pacelathon
Tindakna!
Prabu Dewatacengkar
Aji | : | Mas aku dongengana! |
Baswara | : | Aja nakal ya! |
Aji | : | Aku pa nakal, mas? |
Baswara | : | Lha mau, mbalang bathuke dhik Tak? |
Aji | : | Dhik Tak mbalang sikilku dhisik! |
Baswara | : | Cah gede ya ngalah, no! |
Aji | : | Iya, Mas, besuk maneh ora! |
Baswara | : | Bagus! Takdongengke Prabu Dewatacengkar, ya? |
Aji | : | Prabu Dewatacengkar kuwi bagus, mas? |
Baswara | : | Huh, medeni! Rupane kaya buta, gawene mangan uwong! |
Aji | : | Emoh, Mas! Aku wedi nek dipangan! |
Baswara | : | Aja wedi! Wong Prabu Dewatacengkar saiki wis mati! |
46