Kaca iki wis divalidasi
Aji | : | Sing mateni sapa, Mas? |
Baswara | : | Sing mateni Aji Saka. |
Aji | : | Ohah hem! Ngantuk, Mas, akul |
Baswara | : | Wis turua kana! Sesuk tak terusne dongenge! |
B.Wacanen kang patitis!
1. a. Aku duwe kanca.
b. Kancaku akeh.
c. Kancamu pira?
d. Kancane Mukti pirang-pirang.
2. a. Aku duwe semangka
b. Semangkaku gedhe-gedhe.
c. Semangkamu endi?
d. Semangkane pecahen!
3. a. Aku njaluk tamba.
b. Tambaku ana meja.
c. Tambamu apa?
d. Tambane warna-warna.
4. a. Prabu Dewatacengkar malih rupa.
b. Rupaku kaya sapa?
c. Rupamu kaya adhimu.
d. Rupane kaya buta.
47