Kaca iki wis divalidasi
- Ingkang ketingal saking ngriki punika redi Merapi.
- Anusapati punika putranipun Prabu Tunggul Ametung.
- Pil punika dipun unjuk sedinten kaping tiga.
- Lare-lare dipun dhawuhi resik-resik klas.
D. Wacanen kane patitis banjur turunen!
- Bale kecemplung blumbang.
- Lakune glendheh-glendheh.
- Pedro tiba glangsaran.
- Kathok lan klambine gluprut blethok.
- Slamet kae slulup, ora klelep.
- Lawuhe krupuk karo bothok.
- Kringete dleweran, ambegane krenggosan.
- Jupri tiba krengkankan.
IV. Wacanen kang patitis banjur jembangan bebarengan!
Witing Klapa
- Witing klapa mumpung kita isih mudha
- Mumpung waras lan sentosa
- Den siyaga, den sregep anambut karya
- Dimen tentrem uripira
53