Kaca iki wis divalidasi
Swara
uwong | : | Tulung, tulung, tulung, tulung! Banjir, banjir! |
Bapak | : | Lha rak tenan ta Dib! Kowe kudu titen bab kenthong kuwi! |
Dibya | : | Inggih, Pak! Banjir saestu. Mangga, Pak, ngasta prau le- sung! |
Bapak | : | Debog-debog kae digandheng rak ya kena kanggo prau. |
Dibya | : | Ngasta senter, Pak? |
Bapak | : | Iya iya, aja gugup. Kowe ora susah ndherek! |
Dibya | : | Inggih, Pak, kula tengga griya kaliyan Ibu. |
B. Wacanen kang patitis, Kedalna kang trep!
1. a. Aku duwe jago.
b. Ibu tindak jagong.
2. a. Ibu mundhut kalo.
b. Iki pipa balung kalong.
3. a. Bapak ngingu kebo.
b. Kebone Bapak dicancang ana kebon.
4. a. Mripate kuyuhan coro.
b. Ing dhuwur pawon diwenehi corong.
5. a. Anak jaran jenenge belo.
b. Rambat nganggo belor.
57