Kaca:Wulang Basa Jilid 2.pdf/76

Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 8

I. A. Pacelathon
Tindakna!

Cangkriman
Praba : Mas Bas, takbedheki ya!
Baswara : Iya! Kok elok Dhik, Kowe nantang cangkriman.
Praba : Ora nantang kok! Aku ajar kareben pinter!
Baswara : Iya iya. Ning sok-sok aku ya ora ngerti lho!
Praba : Apa iya? Coba ya!
Baswara : Iya.
Praba : Anake jaritan, emboke malah wuda, apa Mas?
Baswara : Ya saru no! Sing tuwa kok malah wuda. Kleru sajake, Dhik!
Praba : Ora bae yen kleru!
Baswara : Wis, Dhik, aku trima kalah. Coba aku tuduhanal!
Praba : Pring kae lho, Mas, Rak wuda ta, wong ora ana slumpringe. Ning anake rak malah jaritan.



66