Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 10
I. A. Pacelathon
Tindakna!
Watuk
Sasana | : | Uhuk, uhuk, uhuk! |
Ibu | : | Apa Sas sing kogawa kuwi? |
Kuntadi | : | Es, Bu! |
Ibu | : | Piye ta, Kun, adhike kok ditukokake es? |
Sasana | : | Uhuk,uhuk, uhuk! |
Kuntadi | : | Kula boten ngertos, Bu! |
Sasana | : | Bu, tula tumbah eh. Uhuk, uhuk! |
Ibu | : | Hara ta! Kene, Lik, ese diasta Ibu! |
Sasana | : | Tampun telah, Bu. Uhuk, uhuk! |
Kuntadi | : | Dhik Sas dipun jampeni kemawon, Bu! |
Ibu | : | Kae, jupukna sirup obat batuk ana lemari obat kae! |
Sasana | : | Dipun obati, Bu? Uhuk, uhuk,uhuk! |
Ibu | : | Enya Sas, iki diemik, legi kok, Lik! |
Sasana | : | Endih, Bu! |
85